Ibrani 12:1-29

  • Yésus sing nggawé imané awaké dhéwé sampurna (1-3)

    • Seksi sing akèh banget kaya méga (1)

  • Aja nyepèlèkké dhidhikané Yéhuwah (4-11)

  • Kudu mlaku ing dalan sing lurus (12-17)

  • Mara ing Yérusalèm sing ana ing swarga (18-29)

12  Mula, merga awaké dhéwé nduwé seksi sing akèh banget kaya méga sing ngubengi awaké dhéwé, ayo awaké dhéwé mbuwang kabèh beban lan dosa sing isa njerat awaké dhéwé.+ Ayo awaké dhéwé terus mlayu nganti akhir ing balapan sing wis ditentokké Gusti Allah kanggo awaké dhéwé.+  Ayo awaké dhéwé terus ndelok Yésus+ sing dadi Wakil Utama lan sing nggawé imané awaké dhéwé sampurna. Merga rasa seneng sing ana ing ngarepé, dhèwèké sabar ngadhepi kesengsaraan ing cagak hukuman* lan ora ngrasa isin. Saiki, dhèwèké wis lungguh ing takhtané sing ana ing sebelah tengené Gusti Allah.+  Mula, kowé kudu mikirké tenanan soal dhèwèké bèn kowé ora dadi kesel lan nyerah.+ Dhèwèké sabar ngadhepi wong-wong dosa+ sing ngomong kasar karo dhèwèké, sing sakjané nggawé rugi wong-wong kuwi dhéwé.  Kowé berjuang nglawan dosa, ning durung tau nganti mati.  Kowé kuwi anak-anaké Gusti Allah, ning kowé wis bener-bener nglalèkké naséhaté Gusti Allah. Naséhaté yaiku, ”Anak-Ku, aja nyepèlèkké dhidhikané Yéhuwah,* lan aja nyerah wektu Dhèwèké ngandhani kowé,  merga Yéhuwah* ndhidhik wong sing disayangi, malah Dhèwèké ngukum* wong-wong sing dianggep anaké.”+  Kowé kudu sabar ngadhepi kesusahanmu, lan anggepen nèk kowé lagi didhidhik.* Kanggoné Gusti Allah, kowé kuwi anak-anaké.+ Apa ana anak sing ora tau didhidhik karo bapaké?+  Ning, nèk kowé ora gelem didhidhik, berarti kowé anak haram, dudu anaké Gusti Allah.  Bapaké awaké dhéwé sing ana ing bumi ya ndhidhik awaké dhéwé, lan awaké dhéwé ngajèni dhèwèké. Mula, kuduné awaké dhéwé luwih manut karo Bapak ing swarga, ta? Nèk manut, awaké dhéwé bakal tetep urip.+ 10  Bapaké awaké dhéwé sing ana ing bumi ndhidhik awaké dhéwé mung sedhéla, menurut apa sing dianggep bener karo dhèwèké. Ning, Gusti Allah ndhidhik awaké dhéwé bèn awaké dhéwé éntuk manfaat lan isa dadi suci kaya Dhèwèké.+ 11  Pancèn wektu didhidhik, awaké dhéwé ora seneng, ning ngrasa sedhih. Tapi sakwisé didhidhik, awaké dhéwé bakal ngrasa ayem lan isa nindakké apa sing bener merga wis dilatih liwat dhidhikan kuwi. 12  Mula, kowé kudu nguwatké tangan sing lemes lan sikil sing gemeter.+ 13  Kowé kudu mlaku ing dalan sing lurus+ bèn sikilmu sing lara* kuwi ora dadi saya parah, ning dadi mari. 14  Kowé kudu rukun karo kabèh wong,+ lan uripmu kudu suci,+ merga wong sing ora suci ora isa ndelok Gusti. 15  Kowé kudu ngati-ati bèn aja nganti Gusti Allah ora nduduhké sifaté sing apikan banget marang kowé, supaya akar sing beracun ora thukul lan nggawé masalah, terus nggawé akèh wong dadi ora suci.+ 16  Kowé kudu ngati-ati bèn ing antaramu ora ana wong sing nindakké hubungan sèks sing ora pantes* utawa ora ngajèni manèh apa waé sing suci. Aja dadi kaya Ésau sing masrahké haké dadi anak pertama mung kanggo sak porsi panganan.+ 17  Wektu dhèwèké péngin éntuk warisan berkah kuwi, dhèwèké ditolak. Senajan dhèwèké ngupaya tenanan nganti nangis-nangis supaya bapaké ngubah keputusané,+ kuwi ora ana gunané. 18  Kowé ora mara ing gunung sing isa didemèk,+ sing geniné murub,+ sing diubengi karo mendhung lan badai,+ sing peteng banget, 19  sing ana swara trompèt+ sing banter lan swara saka swarga.+ Pas krungu kuwi, bangsa Israèl njaluk marang Musa bèn swara kuwi mandheg.+ 20  Wong-wong kuwi wedi wektu krungu préntah iki, ”Kéwan sing ngidak gunung iki kudu dibandhemi* watu nganti mati.”+ 21  Apa sing didelok kuwi medèni banget nganti Musa kandha, ”Aku wedi banget nganti ndredheg.”+ 22  Ning, kowé mara ing Gunung Zion+ lan kuthané Gusti Allah sing urip, yaiku Yérusalèm sing ana ing swarga.+ Ing kono, ana puluhan èwu malaékat 23  sing ngumpul bareng,+ ana jemaaté anak pertama sing wis didaftar ing swarga, ana Gusti Allah sing dadi Hakimé kabèh,+ ana wong-wong bener sing dadi roh+ lan wis dadi sampurna,+ 24  ana Yésus sing dadi perantarané+ perjanjian anyar,+ lan ana getih sing dicipratké, sing luwih apik timbang getihé Habèl.+ 25  Kowé kudu ngati-ati bèn aja nganti kowé ora ngrungokké swara sing ngomong saka swarga. Mbiyèn, wong-wong ing bumi ora ngrungokké sing diomongké Gusti Allah, lan wong-wong kuwi dihukum. Mula, awaké dhéwé mesthi bakal dihukum luwih abot nèk ora ngrungokké swarané sing ngomong saka swarga.+ 26  Wektu kuwi, swarané nggawé bumi dadi goncang,+ ning saiki Dhèwèké janji, ”Sepisan manèh, Aku ora mung bakal nggoncangké bumi, ning ya bakal nggoncangké langit.”+ 27  Kata-kata ”sepisan manèh” nduduhké nèk Gusti Allah bakal nyingkirké apa sing digoncangké, yaiku sing ora digawé Gusti Allah, bèn apa sing ora digoncangké bakal tetep ana. 28  Mula, merga awaké dhéwé bakal nampa Kerajaan sing ora isa digoncangké, ayo awaké dhéwé terus ngupaya bèn éntuk manfaat saka sifaté Gusti Allah sing apikan banget. Merga sifaté Gusti Allah sing apikan banget kuwi, awaké dhéwé isa nyenengké Gusti Allah wektu nindakké tugas suci kanggo Dhèwèké karo rasa wedi lan ngajèni. 29  Gusti Allahé awaké dhéwé kaya geni sing isa ngobong nganti entèk.+

Katrangan Tambahan

Deloken Lamp. A5.
Deloken Lamp. A5.
Utawa ”mecuti”.
Utawa ”lagi dilatih”.
Utawa ”sing pincang”.
Utawa ”dibalangi”.