Ibrani 8:1-13

  • Tabernakel nggambarké sing ana ing swarga (1-6)

  • Bédané perjanjian sing lawas lan sing anyar (7-13)

8  Iki intiné saka apa sing tak rembug: Awaké dhéwé nduwé imam agung kaya ngono,+ lan dhèwèké wis lungguh ing sebelah tengené Gusti Allah sing Hébat sing ana ing takhtané ing swarga.+  Dhèwèké dadi abdi ing panggonan suci+ lan ing kémah sing sejati sing dibangun Yéhuwah,* dudu manungsa.  Saben imam agung dilantik kanggo mènèhké persembahan lan korban. Mula, imam agung iki ya perlu mènèhké persembahan.+  Nèk dhèwèké ana ing bumi, dhèwèké ora bakal dadi imam,+ merga wis ana wong-wong sing mènèhké persembahan sesuai karo Hukum Musa.  Tugas suci sing ditindakké wong-wong kuwi dadi gambaran lan bayangan+ saka apa waé sing ana ing swarga.+ Kuwi diduduhké wektu Gusti Allah mènèhi préntah marang Musa soal carané nggawé kémah kuwi. Gusti Allah ngomong, ”Kowé kudu nggawé kabèh kuwi persis karo rancangan sing diduduhké marang kowé ing gunung iki.”+  Ning saiki, Yésus wis nampa tugas sing luwih unggul timbang tugasé imam-imam sing sakdurungé, merga dhèwèké ya dadi perantara+ perjanjian sing luwih apik,+ sing wis digawé sesuai karo hukum lan janji-janji sing luwih apik.+  Nèk perjanjian sing pertama kuwi ora ana kekurangané, ora perlu ana perjanjian sing keloro.+  Ning, Gusti Allah ngerti kekurangané bangsa kuwi wektu Dhèwèké ngomong, ”Yéhuwah* kandha, ’Bakal tekan wektuné, Aku bakal nggawé perjanjian anyar karo wong Israèl lan Yéhuda.  Perjanjian iki béda karo perjanjian sing Tak gawé karo nènèk moyangé pas Aku nuntun wong-wong kuwi metu saka Mesir,+ merga wong-wong kuwi ora manut karo perjanjian-Ku, dadi Aku ora ngopèni wong-wong kuwi manèh,’ kandhané Yéhuwah.”* 10  ”’Iki perjanjian sing bakal Tak gawé karo wong Israèl sakwisé wektu kuwi,’ kandhané Yéhuwah.* ’Hukum-Ku bakal ana ing pikirané wong-wong kuwi lan bakal Tak tulis ing atiné wong-wong kuwi.+ Aku bakal dadi Gusti Allahé wong-wong kuwi, lan wong-wong kuwi bakal dadi umat-Ku.+ 11  ”’Wong-wong kuwi ora bakal mulang seduluré lan wong sing sak bangsa karo dhèwèké nganggo cara kandha, ”Kowé kudu kenal karo Yéhuwah,”* merga kabèh wong kuwi bakal kenal karo Aku, saka rakyat biasa nganti pejabat. 12  Aku bakal ngapura kesalahané wong-wong kuwi, lan dosané ora bakal Tak éling-éling manèh.’”+ 13  Wektu Gusti Allah ngomong soal ”perjanjian anyar”, perjanjian sing sakdurungé dadi perjanjian lawas.+ Sing lawas lan sing saya tuwa kuwi bakal ora ana manèh.+

Katrangan Tambahan

Deloken Lamp. A5.
Deloken Lamp. A5.
Deloken Lamp. A5.
Deloken Lamp. A5.
Deloken Lamp. A5.