Injil Markus 9:1-50

  • Yésus ditransfigurasi (1-13)

  • Bocah lanang sing kesurupan roh jahat dimarèkké (14-29)

    • Kabèh isa kelakon kanggo wong sing nduwé iman (23)

  • Kematiané Yésus diramalké manèh (30-32)

  • Murid-murid padu soal sapa sing paling penting (33-37)

  • Sing ora nglawan awaké dhéwé berarti mihak awaké dhéwé  (38-41)

  • Sing nyebabké kesandhung (42-48)

  • ”Kowé kudu dadi kaya uyah” (49, 50)

9  Terus Yésus kandha, ”Percayaa, ing antaramu ana sing ora bakal mati sakdurungé ndelok Kerajaané Gusti Allah mréntah.”+  Enem dina sakwisé kuwi, Yésus ngejak Pétrus, Yakobus, lan Yohanes ing gunung sing dhuwur. Mung Yésus karo wong telu kuwi sing ana ing kono. Terus, wong telu kuwi ndelok wajahé Yésus berubah.*+  Klambiné Yésus dadi luwih putih lan bersinar. Ora ana wong ing bumi sing isa mutihké klambi nganti kaya ngono.  Wong telu kuwi ya ndelok Èlia lan Musa lagi omong-omongan karo Yésus.  Terus, Pétrus kandha marang Yésus, ”Guru,* aku seneng ana ing kéné. Mula, aku tak ngedegké téndha telu ya. Siji kanggo njenengan, siji kanggo Musa, lan sijiné kanggo Èlia.”  Pétrus ngomong ngono kuwi merga bingung arep ngomong apa, lan wong telu kuwi ngrasa wedi banget.  Terus, ana méga ing ndhuwuré wong-wong kuwi, lan ana swara+ saka méga mau, ”Iki Anak-Ku sing Tak tresnani.+ Rungokna dhèwèké.”+  Murid telu mau langsung ndelok sekitaré, ning ora ana wong liya manèh, kecuali Yésus.  Wektu mudhun saka gunung kuwi, Yésus ngélikké murid-muridé bèn ora ngandhani sapa-sapa soal apa sing kelakon mau+ nganti Anaké manungsa diuripké manèh saka antarané wong mati.+ 10  Murid-murid kuwi manut karo omongané Yésus,* ning padha rasan-rasan dhéwé soal maksudé Yésus wektu dhèwèké ngomong nèk bakal diuripké manèh saka antarané wong mati. 11  Murid-murid kuwi nakoni Yésus, ”Ngapa kok para ahli Taurat kandha nèk Èlia+ kudu teka dhisik sakdurungé Kristus?”+ 12  Yésus njawab, ”Èlia pancèn kudu teka luwih dhisik lan nyiapké kabèh.+ Ning, apa hubungané kuwi karo ayat sing kandha nèk Anaké manungsa bakal ngalami akèh kesengsaraan+ lan dirèmèhké?+ 13  Kowé tak kandhani, Èlia+ sakjané wis teka, ning wong-wong tumindak sak karepé dhéwé marang dhèwèké kaya sing wis ditulis soal dhèwèké.”+ 14  Pas marani murid-murid liyané, Yésus lan murid telu kuwi ndelok ana akèh wong sing ngumpul ing sekitaré murid-murid liyané. Ing kono, ana ahli-ahli Taurat sing lagi debat karo murid-murid kuwi.+ 15  Ning wektu ndelok Yésus, akèh wong kuwi kagèt, terus mlayu nemoni Yésus. 16  Mula Yésus takon, ”Kowé lagi debat soal apa?” 17  Terus, saka kumpulan wong kuwi ana sing njawab, ”Guru, aku nggawa anakku lanang marang njenengan. Dhèwèké bisu merga kesurupan roh jahat.+ 18  Nèk pas roh jahat kuwi nyerang, bocah iki dibanting ing lemah. Cangkemé metu busané, untuné kerot-kerot, lan awaké kentèkan tenaga. Aku wis njaluk tulung murid-muridé njenengan bèn ngusir roh jahat kuwi, ning murid-muridé njenengan ora isa.” 19  Yésus ngomong karo wong-wong kuwi, ”Kowé kuwi wong-wong* sing ora nduwé iman.+ Nganti kapan aku kudu ana ing antaramu? Nganti kapan aku kudu sabar karo kowé? Gawanen cah kuwi mréné.”+ 20  Terus, bocah lanang kuwi digawa marang Yésus. Ning, pas ndelok Yésus, roh jahat kuwi langsung nggawé bocah kuwi kejang-kejang. Sakwisé tiba ing lemah, bocah kuwi gulung-gulung, lan cangkemé metu busané. 21  Yésus takon karo bapaké bocah kuwi, ”Kèt kapan anakmu kaya ngéné iki?” Bapaké njawab, ”Kèt cilik. 22  Roh jahat kuwi kerep nguncalké dhèwèké ing geni lan ing banyu bèn dhèwèké mati. Ning nèk njenengan isa marèkké anakku, tulung mesakké aku.” 23  Yésus kandha, ”Ngapa kok kowé ngomong, ’Nèk njenengan isa’? Kabèh kuwi isa kelakon kanggo wong sing nduwé iman.”+ 24  Bapaké bocah kuwi langsung mbengok, ”Aku nduwé iman. Tulung bantunen bèn imanku isa luwih kuwat.”+ 25  Wektu ndelok wong akèh mlayu nyedhak, Yésus nggetak roh jahat* kuwi, ”Hé roh sing nyebabké bocah iki bisu lan budheg, metua lan aja bali manèh.”+ 26  Sakwisé nggawé bocah kuwi mbengok lan kejang-kejang, roh jahat kuwi metu. Bocah kuwi nggléthak kaya wong mati. Mula, akèh wong kandha, ”Dhèwèké mati.” 27  Ning, Yésus nyekel tangané bocah mau lan nangèkké dhèwèké. Terus, bocah kuwi ngadeg. 28  Sakwisé mlebu ing salah siji omah lan ora ana wong liya ing kono, murid-murid takon karo Yésus, ”Ngapa kok aku ora isa ngusir roh jahat kuwi?”+ 29  Yésus njawab, ”Sing kaya ngono kuwi mung isa diusir nganggo donga.” 30  Yésus lan murid-muridé lunga saka kono, terus mlaku ngliwati Galiléa. Yésus ora péngin wong-wong ngerti dhèwèké ing endi, 31  merga Yésus lagi mulang murid-muridé. Yésus kandha, ”Anaké manungsa bakal dikhianati, diserahké marang manungsa, lan dipatèni.+ Senajan dipatèni, dhèwèké bakal urip manèh ing dina ketelu.”*+ 32  Ning, murid-murid ora ngerti sing dimaksud Yésus kuwi apa lan ora wani takon marang Yésus. 33  Yésus lan para murid tekan ing Kapernaum. Wektu ana ing njero omah, Yésus takon karo murid-muridé, ”Pas ing dalan mau, kowé padu soal apa?”+ 34  Murid-murid meneng waé, merga pas ing dalan mau padha padu soal sapa sing paling penting ing antarané murid-murid. 35  Mula, Yésus lungguh lan ngundang* rasulé 12. Yésus kandha, ”Nèk ana sing péngin dadi nomer siji, dhèwèké kudu dadi sing terakhir lan nglayani liyané.”+ 36  Terus, Yésus ngundang* bocah cilik siji lan ngongkon bocah kuwi ngadeg ing ngarepé murid-muridé. Yésus ngrangkul bocah kuwi lan kandha, 37  ”Sapa waé sing nampa bocah cilik+ kaya ngéné iki merga aku,* artiné wong kuwi ya nampa aku. Sapa waé sing nampa aku, sakjané ora mung nampa aku, ning ya nampa Dhèwèké sing ngutus aku.”+ 38  Yohanes kandha, ”Guru, aku ngerti ana wong sing ngusir roh jahat nganggo jenengmu. Aku ya wis nyoba ngalang-alangi dhèwèké merga wong kuwi ora mèlu awaké dhéwé.”+ 39  Ning Yésus kandha, ”Wong kuwi aja mbok alang-alangi. Ora ana wong sing isa nggawé mukjijat nganggo jenengku ning bar kuwi langsung ngèlèk-èlèk aku. 40  Wong sing ora nglawan awaké dhéwé kuwi berarti mihak awaké dhéwé.+ 41  Percayaa, sapa waé sing mènèhi kowé banyu sak cangkir kanggo ngombé merga kowé muridé Kristus,+ wong kuwi mesthi bakal nampa upahé.+ 42  Ning, sapa waé sing nyebabké wong sing kaya bocah cilik iki dadi ora nduwé iman,* mendhing wong kuwi dikalungi watu gilingan,* terus diuncalké ing laut.+ 43  ”Nèk tanganmu nyebabké kowé nindakké dosa,* tugelen kuwi. Mendhing kowé cacad tapi nampa urip,* timbang nduwé tangan loro tapi diuncalké ing Géhéna,* ing geni sing ora isa dipatèni.+ 44  *—— 45  Nèk sikilmu nyebabké kowé nindakké dosa,* tugelen kuwi. Mendhing kowé cacad tapi nampa urip,* timbang nduwé sikil loro tapi diuncalké ing Géhéna.*+ 46  *—— 47  Nèk mripatmu nyebabké kowé nindakké dosa,* buwangen kuwi.+ Mendhing kowé nduwé mripat siji tapi mlebu ing Kerajaané Gusti Allah, timbang nduwé mripat loro tapi diuncalké ing Géhéna,*+ 48  ing kono sèt-sèté ora mati lan geniné murub terus.+ 49  ”Kaya uyah diesokké ing ndhuwuré panganan, Gusti Allah ya bakal ngesokké geni+ ing ndhuwuré wong-wong.* 50  Uyah pancèn apik. Ning, nèk uyah wis ora asin, piyé caramu nggawé kuwi bèn asin manèh?+ Kowé kudu dadi kaya uyah+ lan kudu tetep rukun karo wong liya.”+

Katrangan Tambahan

Utawa ”ndelok Yésus ditransfigurasi”.
Utawa ”Rabi”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa mungkin ”Murid-murid ora ngandhani sapa-sapa soal kuwi”.
Utawa ”generasi”.
Lit.: ”roh najis”.
Lit.: ”sakwisé telung dina”.
Utawa ”nyeluk”.
Utawa ”nyeluk”.
Utawa ”nganggo jenengku”.
Lit.: ”dadi kesandhung”.
Utawa ”watu kanggo nggiling sing ditarik karo keledai”.
Lit.: ”nyebabké kowé kesandhung”.
Maksudé, urip langgeng.
Deloken Lamp. A3.
Lit.: ”nyebabké kowé kesandhung”.
Maksudé, urip langgeng.
Deloken Lamp. A3.
Lit.: ”nyebabké kowé kesandhung”.
Maksudé, wong-wong sing diuncalké ing Géhéna.