Injil Yohanes 4:1-54

  • Yésus lan wong wédok Samaria (1-38)

    • Nyembah Gusti Allah ”sesuai karo tuntunané roh suci lan sesuai karo apa sing bener” (23, 24)

  • Akèh wong Samaria nduwé iman marang Yésus (39-42)

  • Yésus marèkké anaké pejabat (43-54)

4  Wektu Gusti Yésus ngerti nèk wong Farisi krungu Yésus mbaptis+ lan ndadèkké luwih akèh murid timbang Yohanes,  (sakjané, dudu Yésus dhéwé sing mbaptis, ning murid-muridé)  Yésus lunga saka Yudéa menyang Galiléa.  Ning, dhèwèké kudu ngliwati Samaria.  Yésus akhiré tekan ing salah siji kutha ing Samaria sing disebut Sikhar ing cedhak tanah sing diwènèhké Yakub marang Yusuf anaké.+  Ing kono, ana sumuré Yakub.+ Merga perjalanan kuwi, Yésus ngrasa kesel banget. Mula, dhèwèké lungguh ing cedhak sumur kuwi. Wektu kuwi kira-kira jam 12 awan.*  Terus, ana wong wédok Samaria teka arep nimba banyu. Yésus ngomong karo wong wédok kuwi, ”Tulung, wènèhana aku ngombé.”  (Wektu kuwi, murid-muridé lagi lunga ing kutha kanggo tuku panganan.)  Wong wédok kuwi njawab, ”Njenengan kuwi kan wong Yahudi. Aku iki wong Samaria. Mosok njenengan njaluk ngombé karo aku?” (Biasané, wong Yahudi ora gelem omong-omongan karo wong Samaria.)+ 10  Yésus njawab, ”Kowé ora ngerti hadiah sing diwènèhké Gusti Allah+ kanggo kowé, lan kowé ya ora ngerti sapa sing lagi ngomong karo kowé, ’Tulung, wènèhana aku ngombé.’ Nèk misalé kowé ngerti, kowé mesthi bakal njaluk banyu marang dhèwèké, lan dhèwèké bakal mènèhi kowé banyu sing marakké urip.”+ 11  Wong wédok kuwi kandha, ”Pak, sumur iki kan jero, lan njenengan ya ora nduwé timba. Piyé carané njenengan isa éntuk banyu sing marakké urip kuwi? 12  Sumur iki tinggalané nènèk moyangku Yakub. Dhèwèké, anak-anaké, lan ternaké ya ngombé saka sumur iki. Apa njenengan luwih hébat timbang dhèwèké?” 13  Yésus njawab, ”Saben wong sing ngombé banyu saka sumur iki bakal ngelak manèh. 14  Ning, sapa waé sing ngombé banyu sing bakal tak wènèhké ora bakal ngelak manèh.+ Banyu sing bakal tak wènèhké kuwi bakal dadi sumber banyu sing mènèhi urip saklawasé kanggo wong kuwi.+ 15  Wong wédok kuwi kandha, ”Pak, mbok aku diwènèhi banyu kuwi bèn aku ora ngelak manèh lan ora usah bola-bali mréné kanggo nimba banyu.” 16  Yésus ngomong karo wong wédok kuwi, ”Ajaken bojomu mréné.” 17  Wong wédok kuwi njawab, ”Aku ora nduwé bojo.” Yésus kandha, ”Pancèn bener nèk kowé ngomong ora nduwé bojo. 18  Kowé wis nikah ping lima, lan wong lanang sing saiki manggon karo kowé kuwi dudu bojomu. Sing mbok omongké kuwi pancèn bener.” 19  Wong wédok kuwi kandha, ”Pak, njenengan kuwi mesthi nabi.+ 20  Nènèk moyangku ngibadah ing gunung iki. Ning, wong-wong Yahudi kandha nèk ngibadah kuwi kudu ing Yérusalèm.”+ 21  Yésus kandha, ”Percayaa karo aku, bakal tekan wektuné nèk ngibadah marang Gusti Allah kuwi ora perlu ing gunung iki utawa ing Yérusalèm. 22  Kowé lan wong Samaria ora kenal sapa sing mbok sembah.+ Aku lan wong Yahudi kenal sapa sing tak sembah, merga keslametan dimulai* saka wong Yahudi.+ 23  Ning, wektuné wis teka, yaiku saiki, para penyembah sing sejati bakal nyembah Gusti Allah* sesuai karo tuntunané roh suci lan sesuai karo apa sing bener. Gusti Allah* nggolèki wong-wong sing kaya ngono kuwi kanggo nyembah Dhèwèké.+ 24  Gusti Allah kuwi ora kétok lan ana ing swarga.*+ Mula, wong sing nyembah Dhèwèké kudu nyembah Dhèwèké sesuai karo tuntunané roh suci lan sesuai karo apa sing bener.”+ 25  Wong wédok kuwi kandha, ”Aku ngerti nèk Mésias sing disebut Kristus bakal teka. Nèk wis teka, dhèwèké bakal ngandhani kabèh marang aku.” 26  Yésus kandha, ”Aku iki wongé, sing lagi omongan karo kowé.”+ 27  Wektu kuwi, murid-muridé teka lan kagèt ndelok Yésus omong-omongan karo wong wédok. Ning, ora ana sing wani takon karo Yésus, ”Apa sing mbok omongké?”, utawa, ”Ngapa kok njenengan omong-omongan karo wong wédok kuwi?” 28  Wong wédok kuwi langsung ninggalké genthongé lan mlebu ing kutha kanggo ngandhani wong-wong. 29  Wong wédok kuwi kandha, ”Aku ketemu karo wong sing isa nyritakké kabèh sing tau tak lakoni. Ayo mèlu aku nemoni dhèwèké. Mungkin dhèwèké kuwi Kristus.” 30  Wong-wong kuwi metu saka kutha lan marani Yésus. 31  Wektu kuwi, murid-murid ngejak Yésus mangan. Murid-murid kandha, ”Guru,*+ ayo mangan.” 32  Ning Yésus njawab, ”Aku wis nduwé panganan sing ora mbok ngertèni.” 33  Murid-murid padha rasan-rasan, ”Apa ana sing wis nggawakké dhèwèké panganan?” 34  Yésus kandha, ”Pangananku kuwi nindakké karepé Gusti Allah sing ngutus aku+ lan ngrampungké gawéan saka Dhèwèké.+ 35  Kowé kan ngomong ta nèk musim panèn isih kurang patang sasi manèh? Ning kowé tak kandhani, deloken kaé, ladhang-ladhang wis putih lan siap dipanèn.+ 36  Wong sing manèn wis nampa upahé lan lagi nglumpukké hasil panèn, yaiku wong-wong sing bakal urip saklawasé. Kuwi sebabé wong sing nyebar bakal padha senengé karo sing manèn.+ 37  Pancèn bener omongan sing kandha: Sing siji nyebar lan sing sijiné manèn. 38  Kowé tak kongkon manèn apa sing ora mbok sebar. Wong liya sing nyambut gawé, ning kowé sing éntuk hasil apiké.” 39  Akèh wong Samaria saka kutha kuwi nduwé iman marang Yésus, merga wong wédok kuwi mènèhi kesaksian, ”Aku ketemu karo wong sing isa nyritakké kabèh sing tau tak lakoni.”+ 40  Wektu ketemu Yésus, wong-wong Samaria kuwi njaluk bèn Yésus nginep ing kono. Mula, Yésus nginep ing kono nganti rong dina. 41  Hasilé, ana akèh wong sing percaya merga ngrungokké wulangané Yésus. 42  Wong-wong kuwi ngomong karo wong wédok mau, ”Saiki aku percaya tenan, ora mung merga omonganmu, ning ya merga wis krungu dhéwé lan ngerti nèk wong iki sing bakal nylametké donya.”+ 43  Sakwisé nginep ing kono rong dina, Yésus lunga ing Galiléa. 44  Sakjané, Yésus dhéwé wis kandha nèk nabi ora diajèni ing dhaérah asalé.+ 45  Ning pas Yésus tekan Galiléa, wong Galiléa nampa Yésus merga wektu wong-wong kuwi nekani perayaan ing Yérusalèm,+ wong-wong kuwi ndelok kabèh sing ditindakké Yésus ing kono.+ 46  Terus, Yésus teka manèh ing kutha Kana ing Galiléa, yaiku panggonan wektu Yésus nggawé banyu dadi anggur.+ Ing kutha kuwi, ana pejabat kerajaan sing anaké lanang lagi lara ing Kapernaum. 47  Anaké kuwi wis mèh mati. Mula, pas krungu nèk Yésus teka ing Galiléa saka Yudéa, wong kuwi nemoni Yésus lan njaluk bèn Yésus lunga ing Kapernaum lan marèkké anaké. 48  Ning Yésus kandha, ”Nèk kowé durung ndelok dhéwé mukjijat* lan perkara-perkara sing ajaib, kowé pancèn ora bakal percaya.”+ 49  Pejabat kuwi kandha, ”Gusti, tulung tekaa sakdurungé anakku mati.” 50  Yésus kandha, ”Muliha, anakmu wis mari.”*+ Pejabat kuwi percaya karo omongané Yésus, lan dhèwèké mulih. 51  Pas perjalanan mulih, budhak-budhaké nemoni pejabat kuwi kanggo ngandhani nèk anaké wis mari.* 52  Terus, pejabat kuwi takon karo budhak-budhaké jam pira anaké mari. Budhak-budhaké njawab, ”Demamé wingi ilang pas jam siji awan.”* 53  Pejabat kuwi kèlingan nèk pas jam kuwi Yésus kandha marang dhèwèké, ”Anakmu wis mari.”+ Mula, pejabat kuwi lan keluargané dadi percaya marang Yésus. 54  Kuwi mukjijat* sing keloro+ sing ditindakké Yésus wektu teka saka Yudéa menyang Galiléa.

Katrangan Tambahan

Lit.: ”jam keenem”.
Utawa ”asalé”.
Lit.: ”Bapak”.
Lit.: ”Bapak”.
Lit.: ”Gusti Allah kuwi Roh”.
Utawa ”Rabi”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”tandha”.
Utawa ”wis urip”.
Utawa ”wis urip”.
Lit.: ”jam kepitu”.
Lit.: ”tandha”.