Zakharia 1:1-21
1 Ing sasi kewolu taun keloro pamréntahané Darius,+ Yéhuwah kandha marang Nabi Zakharia*+ anaké Bérékhia anaké Ido,
2 ”Aku, Yéhuwah, nesu banget marang nènèk moyangmu.+
3 ”Ngomonga marang umat-Ku, ’Yéhuwah pemimpiné pasukan kandha, ”’Balia marang Aku,’ kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan, ’lan Aku bakal bali marang kowé,’+ kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan.”’
4 ”’Kowé aja padha kaya nènèk moyangmu. Mbiyèn para nabi wis ngandhani wong-wong kuwi, ”Yéhuwah pemimpiné pasukan kandha, ’Aja nindakké sing jahat manèh.’”’+
”’Ning, wong-wong kuwi ora gelem ngrungokké lan ora nggatèkké Aku,’+ kandhané Yéhuwah.
5 ”’Pancèn nènèk moyangmu wis mati lan para nabi mau wis ora ana manèh.
6 Ning, omongan lan keputusan sing wis Tak sampèkké liwat para abdi-Ku, yaiku para nabi, soal nènèk moyangmu bener-bener kelakon, ta?’+ Mula wong-wong kuwi bali marang Aku lan kandha, ’Yéhuwah pemimpiné pasukan wis nindakké apa sing dikarepké sesuai karo tumindak lan kelakuanku.’”+
7 Ing dina ke-24 sasi ke-11, yaiku sasi Syébat,* ing taun keloro pamréntahané Darius,+ Nabi Zakharia anaké Bérékhia anaké Ido éntuk wahyu saka Yéhuwah.
8 Zakharia kandha, ”Bengi kuwi, aku ndelok ana wong lanang numpak jaran abang. Dhèwèké mandheg ing antarané wit-wit mirtèl* sing ana ing lembah. Ing mburiné, ana sing numpak jaran abang, jaran coklat rada abang, lan jaran putih.
9 Aku takon, ”Sapa wong-wong sing numpak jaran kuwi?”
Malaékat sing ngomong karo aku kandha, ”Aku bakal nduduhké marang kowé sapa wong-wong kuwi.”
10 Terus, wong lanang sing ana ing antarané wit-wit mirtèl kuwi kandha, ”Wong-wong kuwi utusané Yéhuwah sing dikongkon njlajahi bumi.”
11 Wong-wong sing numpak jaran kuwi kandha marang malaékaté Yéhuwah sing ana ing antarané wit-wit mirtèl kuwi, ”Aku wis njlajahi bumi, lan bumi kétok tenang lan damai.”+
12 Mula malaékaté Yéhuwah kuwi kandha, ”Oh Yéhuwah pemimpiné pasukan, nganti kapan Njenengan ora mesakké karo Yérusalèm lan kutha-kutha Yéhuda?+ Wis 70 taun iki Njenengan nesu marang wong-wong kuwi.”+
13 Bar kuwi, nganggo kata-kata sing ramah lan nentremké ati, Yéhuwah njawab malaékat sing omongan karo aku kuwi.
14 Terus malaékat kuwi kandha marang aku, ”Umumna iki: ’Yéhuwah pemimpiné pasukan kandha, ”Aku nduwé tékad kanggo mbéla Yérusalèm lan Zion.+
15 Aku nesu banget karo bangsa-bangsa liya sing rumangsa aman kuwi.+ Nesu-Ku marang umat-Ku kuwi mung sedhéla,+ tapi bangsa-bangsa kuwi malah nggawé umat-Ku saya sengsara.”’+
16 Mula iki kandhané Yéhuwah: ’Aku, Yéhuwah, pemimpiné pasukan kandha, ”Aku bakal mesakké manèh karo Yérusalèm.+ Omah-Ku bakal dibangun ing kono,+ lan Yérusalèm bakal diukur bèn isa dibangun manèh.”’+
17 ”Bar kuwi, umumna iki: ’Yéhuwah pemimpiné pasukan kandha, ”Kutha-kutha-Ku bakal dikebaki manèh karo apa sing apik. Aku, Yéhuwah, bakal nguwatké Zion manèh+ lan milih Yérusalèm manèh.”’”+
18 Terus, aku ndelok ana sungu papat.+
19 Mula, aku takon marang malaékat sing omongan karo aku kuwi, ”Kuwi apa?” Dhèwèké njawab, ”Kuwi sungu-sungu sing nggawé Yéhuda,+ Israèl,+ lan Yérusalèm+ dadi mencar.”
20 Terus, Yéhuwah nduduhi aku ana pengrajin papat.
21 Aku takon, ”Wong-wong kuwi teka arep ngapa?”
Dhèwèké njawab, ”Para pengrajin kuwi teka arep nggawé bangsa-bangsa dadi wedi lan arep ngancurké sunguné bangsa-bangsa kuwi sing wis nggawé penduduk Yéhuda dadi mencar. Nganggo sungu-sungu kuwi, bangsa-bangsa kuwi wis nyerang Yéhuda lan nggawé penduduké mencar nganti ora ana sing isa nglawan bangsa-bangsa kuwi.”
Katrangan Tambahan
^ Artiné ”Yéhuwah Wis Ngéling-éling”.
^ Semak sing godhongé mengkilap. Kembangé wernané putih lan ambuné wangi.