Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

1 Mbantu Ngedohi Masalah

1 Mbantu Ngedohi Masalah

Alkitab kuwi tuntunan saka Gusti Allah lan ”migunani kanggo memulang, kanggo melèhaké, kanggo mbangun wewatekan”. (2 Timotéus 3:16) Apa kuwi pancèn bener? Gatèkna piyé kawicaksanané Alkitab wis mbantu akèh wong kanggo ngedohi masalah urip sakdurungé kuwi dadi tambah parah.

MABUK-MABUKAN

Sophia sing disebutké ing kaca enem tau mabuk-mabukan merga strès. Alkitab kandha nèk kita ora salah ngombé alkohol, ning ”aja srawungan karo wong kang karem ngombé anggur”. (Wulang Bebasan 23:20) Mabuk-mabukan isa nyebabké masalah keséhatan sing parah, ngrusak kekancan, lan jutaan wong mati saben taun. Wong-wong isa ngedohi masalah-masalah kuwi, nèk manut saran saka Alkitab.

Kuwi sing ditindakké Sophia. Saiki dhèwèké isa kandha, ”Aku sadhar nèk mabuk-mabukan ora ngrampungi masalahku. Aku ngetrapké saran saka Filipi 4:6, 7, sing isiné, ’Aja padha nyumelangaké bab apa baé, nanging padha lairna sakèhing pepénginanmu marang Gusti Allah’. Saben bengi wektu pikiranku ora karuwan lan aku dadi kuwatir, aku ndonga marang Yéhuwah. Tak critakké perasaanku sing klebu rasa nesu, lara atiku, lan nglokro. Saben ésuk aku ngupaya nduwé pikiran sing positif kanthi cara ndonga bèn ora mikirké bab-bab sing négatif. Kebiyasaan kuwi mbantu aku terus fokus karo apa sing tak duwèni ketimbang sing ora tak duwèni. Aku ora mabuk-mabukan manèh. Rasa ayem sing tak rasakké kuwi aji banget lan aku ora péngin kélangan kuwi.”

AMORALITAS SÈKSUAL

Amoralitas sèksual biasané dadi bab utama sing nyebabké lara ati lan sengsara. Ning, tuntunané Alkitab isa mbantu kita ngedohi tumindak bejat kuwi. Alkitab nduduhké nèk seneng nggodha lawan jenis lan nonton pornografi kuwi bahaya. Cah enom sing jenengé Samuel crita, ”Nggodha lawan jenis kuwi wis dadi kebiasaanku. Kadhang aku nggodha lawan jenis dudu merga aku ngesir dhèwèké, ning aku ngerti nèk dhèwèké seneng karo aku. Kuwi nggawé aku dadi seneng nggodha.” Samuel kerep ditudhuh nggodha lawan jenis senajan ora niyat nggodha. Akiré dhèwèké sengaja neruské kebiasaané. Ning Samuel kandha, ”Kebiasaan kuwi mbebayani merga nggawé aku dadi mentingké awakku dhéwé.”

Samuel maca salah siji artikel kanggo cah enom ing situs web jw.org. Lan dhèwèké mikirké ayat ing Wulang Bebasan 20:11, sing kandha, ”Sanadyan isih bocah iya bisa dititèni kapirid saka ing panggawéné, apa resik lan apa jujur kelakuané.” Ayat kuwi mbantu Samuel sadhar nèk nggodha lawan jenis kuwi ora bener. Dhèwèké kandha, ”Aku ngerti nèk wektu enom seneng nggodha lawan jenis ora bakal dadi bojo sing apik. Aku mulai mikirké piyé perasaané bojoku mbésuk nèk weruh aku nggodha lawan jenis. Aku dadi sadhar nèk kebiasaan kuwi bahaya.” Samuel ngowahi tumindaké. Dhèwèké ngedohi amoralitas sèksual kanthi cara ora nggodha lawan jenis.

Antonio luwih gampang kegodha kanggo nindakké amoralitas sèksual merga kecanduan pornografi. Dhèwèké crita nèk ayat ing 1 Pétrus 5:8 bener-bener mbantu dhèwèké. Ayat kuwi kandha, ”Padha diwaras ing budi sarta diprayitna [diwaspada], jalaran mungsuhmu Iblis iku klinteran kaya singa nggero-nggero ngupaya manungsa kang kena dimangsa.” Antonio kandha, ”Pornografi kuwi gampang banget ditemokké ing donya iki lan kuwi ora gampang ilang saka pikiran kita. Ayat kuwi mbantu aku cepet sadhar nèk gambar pornografi kuwi saka Sétan. Saiki, aku ngerti nèk mung Yéhuwah sing isa mbantu aku bèn tetep ’waras ing budi sarta prayitna [waspada]’ lan aku isa nglawan panggodha sing nyerang pikiran, ati, lan urip bebojoanku.” Antonio éntuk bantuan lan akiré isa ninggalké kebiasaané sing ala. Kuwi mbantu dhèwèké ngedohi masalah sing luwih parah.

Alkitab pancèn isa mènèhi saran sing mbantu kita ngedohi masalah sing parah. Ning, piyé nèk ana masalah sing wis dadi kebiasaan lan angèl kanggo diatasi. Ayo dirembug piyé Alkitab isa mbantu kita ngrampungi masalah sing angèl.

Tuntunan Alkitab isa mbantu kita ngedohi masalah-masalah