Yéhuwah Bakal Ngopèni Kowé
”Manawa kecandhak ing lelara, dibiyantu déning Sang Yéhuwah ana ing paturoné.”—MS. 41:4.
LAGU: 23, 138
1, 2. Jaman mbiyèn apa sing ditindakké Gusti Allah, lan apa sing dipikirké wong-wong wektu lara?
NÈK PANJENENGAN lara, panjenengan mbokmenawa mikir, ’Apa aku isa mari, ya?’ Mbokmenawa panjenengan uga mikir sing padha, wektu ana keluarga lan kanca sing lara. Awaké dhéwé lan wong-wong sing ditresnani mesthiné péngin séhat, ta? Ing Alkitab, ana wong-wong sing lagi lara lan péngin ngerti apa dhèwèké isa mari. Contoné, Raja Ahazia, anaké Akhab lan Izébèl, mikir apa bakal mari. Uga, Raja Bènhadad saka Aram lara, lan takon apa dhèwèké isa mari.—2 Ra. 1:2; 8:7, 8.
2 Alkitab uga nyritakké nèk ing jaman mbiyèn Yéhuwah nambani wong lara nganggo mukjijat, lan nggunakké nabiné kanggo nguripké wong mati. (1 Ra. 17:17-24; 2 Ra. 4:17-20, 32-35) Saiki, akèh wong sing lara mikir, apa Gusti Allah isa nambani wong lara?
3-5. Apa sing isa ditindakké Yéhuwah lan Yésus, lan pitakonan apa sing arep dirembug?
3 Yéhuwah nduwé kwasa sing isa nggawé manungsa séhat Pd. 12:17; Wi. 12:9, 10; 2 Sa. 24:15) Yéhuwah uga ngukum bangsa Israél nganggo penyakit wektu ora setya. (PT. 28:58-61) Ning, ing wektu liya Yéhuwah ngayomi bèn umaté ora lara. (Pa. 23:25; PT. 7:15) Yéhuwah malah nambani para abdiné sing lara. Contoné, Yéhuwah nambani Ayub wektu dhèwèké lara parah lan péngin mati.—Ay. 2:7; 3:11-13; 42:10, 16.
apa ora. Yéhuwah isa ngukum nganggo lelara, contoné Pringon ing jamané Abraham, lan Miryam, mbakyuné Musa. (4 Awaké dhéwé percaya nèk Yéhuwah nduwé kwasa kanggo nambani wong lara. Yésus uga isa nambani wong lara. Wektu ing bumi, Yésus nambani wong sing lara lépra, ayan, wuta, lan lumpuh. (Wacanen Matéus 4:23, 24; Yo. 9:1-7) Saka mukjijat-mukjijat kuwi, awaké dhéwé isa ndelok apa sing arep ditindakké Yésus ing donya anyar mbésuk. Wektu kuwi, ”ora ana wong siji-sijia kang bakal celathu ana ing kono: ’Aku lara.’”—Yé. 33:24.
5 Ning, nèk lara parah apa awaké dhéwé isa njaluk bantuané Yéhuwah lan Yésus bèn saiki nambani nganggo mukjijat? Lan, apa sing perlu dipikirké wektu nggolèk tamba?
PERCAYA MARANG YÉHUWAH WEKTU LARA
6. Apa kandhané Alkitab bab mukjijat ing jamané para rasul?
6 Ing jamané para rasul, Yéhuwah mènèhi roh suci para muridé Yésus, lan maringi kwasa kanggo nindakké mukjijat. (PR. 3:2-7; 9:36-42) Contoné, para rasul kuwi isa nambani wong lara, lan ngomong nganggo basa sing béda-béda. (1 Kr. 12:4-11) Ning bar kuwi, mukjijat wis ora ana manèh kaya sing diramalké Alkitab. (1 Kr. 13:8) Dadi, jaman saiki ora isa ngarep-arep mukjijat saka Gusti Allah kanggo nambani awaké dhéwé lan wong-wong sing ditresnani.
7. Piyé Jabur 41:4 nggedhèkké atiné awaké dhéwé?
7 Nèk panjenengan lara, Yéhuwah bakal nglipur lan ndhukung panjenengan, kaya marang abdiné ing jaman mbiyèn. Raja Dawud kandha, ”Rahayu wong kang nggatèkaké marang wong kang ringkih! Wong iku bakal dipitulungi Sang Yéhuwah ing wektu nandhang sangsara. Pangéran Yéhuwah bakal ngayomi lan ngopèni nyawané.” (Ms. 41:2, 3) Kuwi dudu tegesé nèk wong-wong sing nggatèkké marang wong ringkih kuwi, wong sing ora isa mati. Dadi, piyé carané Yéhuwah mbantu wong kuwi? Dawud kandha, ”Manawa kecandhak ing lelara, dibiyantu déning Sang Yéhuwah ana ing paturoné, Paduka sarasaken babar pisan sesakitipun wonten ing patilemanipun.” (Ms. 41:4) Yéhuwah ngerti banget sing dirasakké umaté lan ora bakal nglalèkké. Yéhuwah uga isa maringi kekuwatan lan kawicaksanan. Yéhuwah nggawé bèn awaké manungsa isa mari dhéwé nèk lara.
8. Saka Jabur 41:5, apa sing dijaluk Dawud marang Yéhuwah wektu dhèwèké lara parah?
8 Ing Jabur 41, Dawud uga nyritakké perasaané wektu lara parah, ora nduwé daya, lan kuwatir. Dawud lara wektu Absalom, anaké, nyoba ngrebut kwasané Dawud dadi raja. Dawud sing lagi lara parah ora isa ngalang-alangi Absalom. Dhèwèké ngerti nèk kuwi kabèh akibat saka dosané karo Batsyéba. (2 Sa. 12:7-14) Apa sing ditindakké Dawud? Dawud ndonga, ”Dhuh Yéhuwah kawula mugi Paduka welasi, kawula mugi Paduka sarasaken, amargi anggèn kawula damel dosa punika dhumateng Paduka.” (Ms. 41:5) Dawud percaya nèk Yéhuwah bakal ngapura dosané, lan mbantu wektu lara. Ning, apa Dawud ngarep-arep mukjijaté Yéhuwah?
9. (a) Apa sing ditindakké Yéhuwah marang Raja Hizkia? (b) Apa penjaluké Dawud marang Yéhuwah?
9 Pancèn, kadhang kala Yéhuwah nambani wong-wong. Contoné, wektu Raja Hizkia arep mati, Yéhuwah nambani dhèwèké. Hizkia malah isa urip 15 taun manèh. (2 Ra. 20:1-6) Ning, Dawud ora ngarep-arep mukjijat. Dawud ngarep-arep Gusti Allah mbantu dhèwèké padha kaya Gusti Allah mbantu ”wong kang nggatèkaké marang wong kang ringkih”. Dawud nduwé sesambungan sing akrab karo Yéhuwah, mula dhèwèké njaluk Yéhuwah nggatèkké lan perduli wektu lara. Dawud uga njaluk dhèwèké bèn cepet mari lan séhat manèh. Awaké dhéwé isa nduwé penjaluk sing padha.—Ms. 103:3.
10. Trofimus lan Épafroditus ngalami kedadéan apa, lan apa sing isa disinaoni saka kuwi?
10 Ing jamané para rasul, ora kabèh muridé Yésus ditambani nganggo mukjijat, senajan Paulus lan liyané isa nambani. (Wacanen Para Rasul 14:8-10.) Rasul Paulus nambani bapaké Publius sing lara panas lan disentri. Paulus banjur ”ndedonga lan numpangaké tangané ana ing wong mau, temahan wongé dadi waras”. (PR. 28:8, Basa Jawi Padintenan.) Ning, Paulus ora nambani kabèh wong sing dikenal. Klebu kancané dhéwé yaiku Trofimus, sing ngancani Paulus wektu dadi utusan Injil. (PR. 20:3-5, 22; 21:29) Wektu Trofimus lara, Paulus ora nambani dhèwèké. Dadi, Trofimus mandheg ngancani Paulus nginjil lan manggon ing Milétus bèn mari. (2 Tm. 4:20) Kancané Paulus sing jenengé Épafroditus, uga lara lan arep mati. Ning, Alkitab ora kandha nèk Paulus nambani dhèwèké.—Fp. 2:25-27, 30.
KATRANGAN ENDI SING ISA DIPERCAYA?
11, 12. Lukas kuwi sapa, lan piyé carané dhèwèké mbantu Paulus?
11 Lukas kuwi dokter, lan ngancani Paulus nginjil. (PR. 16:10-12; 20:5, 6; Kl. 4:14) Dhèwèké seneng mbantu Paulus lan wong liya sing lara wektu nginjil. (Gl. 4:13) Yésus kandha nèk ”mung sing lara” sing butuh dokter.—Lk. 5:31.
12 Lukas ora mung seneng ngandhani carané bèn isa tetep séhat, ning uga sekolah dokter. Alkitab ora nyritakké ing endi lan kapan Lukas sekolah dokter. Ning, Alkitab kandha nèk Paulus ngirimké salam saka Lukas kanggo jemaat Kolosé. Isa waé Lukas lagi sekolah dokter ing Laodikia, kutha cedhaké Kolosé. Mula, wektu Lukas nulis kitab Injil lan Para Rasul, dhèwèké nggunakké tembung-tembung kedokteran. Merga dhèwèké dokter, Lukas nulis akèh pengalamané Yésus wektu nambani wong.
13. Apa sing kudu diéling-éling sakdurungé ngekèki utawa nampa katrangan bab carané ngobati wong lara?
13 Saiki, ora ana sedulur seiman sing isa nambani nganggo mukjijat. Ning, merga péngin mbantu, ana sedulur seiman sing mènèhi katrangan bab * (Wacanen 1 Timotéus 5:23.) Ning, awaké dhéwé kudu ati-ati nèk ana sedulur sing ngojok-ojoki kon ngombé obat, obat herbal, utawa ngatur endi sing éntuk dipangan lan endi sing ora. Dhèwèké mbokmenawa kandha ngono merga ana keluargané sing ngalami bab sing padha. Ning, kuwi ora tegesé awaké dhéwé mesthi cocog karo pengobatan kuwi. Senajan akèh wong ngombé obat utawa éntuk perawatan, durung mesthi kuwi isa nambani.—Wacanen Wulang Bebasan 27:12.
carané nggolèk tamba, senajan awaké dhéwé ora njaluk. Mbokmenawa pancèn ora mbebayani. Contoné, Paulus ngandhani Timotéus kon ngombé anggur sithik waé. Timotéus nduwé lara weteng, mbokmenawa merga ngombé banyu sing ora resik.NGGUNAKKÉ KAWICAKSANAN
14, 15. (a) Awaké dhéwé kudu ati-ati karo wong sing ngapa? (b) Apa sing isa disinaoni saka Wulang Bebasan 14:15?
14 Awaké dhéwé mesthiné péngin séhat, bèn isa urip lan ngabdi marang Yéhuwah. Ning, awaké dhéwé ora sampurna dadi tetep isa lara. Wektu lara, ana cara werna-werna kanggo nambani, dadi kudu nggawé keputusan dhéwé endi sing arep dipilih. Ana wong lan perusahaan sing kandha nèk wis nemokké obat sing isa nambani penyakit. Kuwi kabèh merga péngin éntuk dhuwit akèh. Wong-wong mau kandha nèk akèh wong wis nggunakké obat kuwi lan mari. Nèk lara, mbokmenawa awaké dhéwé péngin nyoba pengobatan apa waé bèn isa mari lan séhat terus. Ning, aja lali karo kandhané Alkitab, ”Wong kang ora nduwé pengalaman ngandel sabarang ujar, nanging wong kang wicaksana iku nggatèkaké lakuné.”—WB. 14:15.
15 Nèk wicaksana, awaké dhéwé bakal ati-ati milih katrangan endi sing isa dipercaya, apamanèh wong sing ngandhani kuwi ora nduwé pengalaman utawa ora sekolah dokter. Awaké dhéwé isa mikir, ”Dhèwèké pancèn kandha nèk vitamin, obat herbal, utawa obat dièt iki isa mbantu wong-wong, ning apa aku ngerti tenan nèk kuwi bener? Nèk kuwi tenanan isa mbantu wong liya, apa mesthi kuwi ya isa mbantu aku? Apa aku kudu mriksa dhisik utawa takon karo ahli keséhatan bab penyakitku?”—PT. 17:6.
16. Apa sing kudu dipikirké ndhisik sakdurungé nggolèk tamba?
16 Wektu awaké dhéwé mutuské apa sing arep ditindakké kanggo nambani lara, awaké dhéwé kudu ”wicaksana”. (Tt. 2:12) Kuwi penting banget nèk ana tès utawa pengobatan sing anèh. Apa wong sing nawani pengobatan kuwi isa nerangké bab tès utawa carané nambani? Apa katrangané anèh? Apa para dokter uga setuju nèk tès utawa pengobatan kuwi isa nambani wong? (WB. 22:29) Mbokmenawa ana wong sing ngandhani nèk obat anyar wis ditemokké ing panggonan liya, lan dokter isih durung ngerti bab kuwi. Ning, apa bener ana obat sing kaya ngono? Liyané malah ana sing nawakké obat nganggo bahan utawa kekuwatan sing ora dingertèni sumberé. Kuwi mbebayani banget. Yéhuwah ora seneng nèk awaké dhéwé nggunakké cara-cara pengobatan sing dipengaruhi kekuwatané Iblis.—PT. 18:10-12; Yé. 1:13.
”MUGI SAMI GINANJAR WILUJENG”
17. Umumé awaké dhéwé péngin apa?
17 Pengurus pusat ing jamané para rasul ngandhani para sedulur ing jemaat bab sing kudu disingkiri, liwat surat. Ing pungkasané surat kuwi, pengurus pusat nulis, ”Punika sadaya manawi sami panjenengan singkiri, panjenengan sampun tumindak saé. Namung samanten, mugi sami ginanjar wilujeng.” (PR. 15:29) Senajan tembung-tembung kuwi mung dinggo mungkasi surat, sakjané pengurus pusat arep ngélingké nèk umumé awaké dhéwé péngin séhat.
18, 19. Apa sing isa diarep-arep ing donya anyar mbésuk?
18 Merga ora sampurna, awaké dhéwé ora mungkin ora lara. Lan, wektu lara awaké dhéwé ora isa ngarep-arep mukjijaté Yéhuwah bèn mari. Ning, awaké dhéwé percaya nèk mbésuk Gusti Allah bakal nyingkirké kabèh sing marahi lara. Ing Wahyu 22:1, 2, rasul Yokanan kandha bab ”banyu panguripan” lan ”wit panguripan” sing bakal nambani kabèh wong. Iki dudu obat-obatan herbal sing isa nambani awaké dhéwé saiki lan ing donya anyar. Ning, kuwi sarana sing disedhiyakké Yéhuwah lan Yésus, sing isa nggawé awaké dhéwé urip saklawasé.—Yé. 35:5, 6.
19 Awaké dhéwé ngarep-arep wektu kuwi. Ning, saiki awaké dhéwé isa percaya nèk Yéhuwah tresna, lan ngerti tenan perasaané awaké dhéwé wektu lara. Kaya Dawud, awaké dhéwé percaya nèk wektu lara, Yéhuwah ora bakal ninggalké. Yéhuwah bakal ngopèni umaté sing setya.—Ms. 41:13.
^ par. 13 Buku The Origins and Ancient History of Wine kandha nèk para ilmuwan wis nemokké, nèk anggur isa nambani tipes lan matèni kuman penyakit sing mbebayani.